|
※Sahadatは信仰の告白の意、Kuresはアラブ人の別称 Bismillahhirrohmaanirrahlim,
nawaitu angukira bikalimatin sahadataini, mucupan bilmukumuri,
marotan wakidatan, fardlu lillahi ta'alla niyatingsun angucapaken
ing kalimah sahadat loro, ale wajib ing dalem saumuringsun male,
sapisan fardlu karana Allah.
Wa ashadu Allah halilahailahaiallah, wa asahaduanna Muhammadarrosulallah,
lan ameruhi ingsun satuhune ora ana Pangeran nanging Allah, lan
anekseni ingsun satuhune kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Allah.
Mangka maknane laillalailallah iku amuknawi kelawan isbat, mangka
kang den nawekaken iku sakehing Pangeran, kang liyan saking Pangeran
kita, mangka kang den isabataken iku kang ngarsa kang satunggal,
kang ora dinadekaken, handadekaken alam iku kabeh, yaiku Pangeran
kita, kang agung kang maha mulya, hiya iku ingkang aran Allah.
Mangka tegese aran Allah ta'ala iku hanuduhaken ing dalem dzat
kang maha luhur, ora warna ora rupa, pra arah ora anggon, wajib-wajib
anane, mokal yen orane, sing sapa ngucap satuhune Allah ta'alla
iku warna-rupa-arah-anggon, mangka wong iku dadi kufur.
Utawi kanjeng nabi Muhammad iku manungsa kang lanan , kang merdika,
ingkang akhil ingkang baliq, iangkang bagus waunane, kang mencorong
cahyane, kadya purnamaning ulan utawa kaya srengenge, ingkang
katurunan wahyu, iangkang wajib handuweni sifat sidiq-amanat-tableq,
sidiq bener, amanat kang percaya, tableq anekakaken, molal liya,
mokal cidra, mokal angumpetaken.
Ingkang wenang besariyah, kang ora cinacataken, ing dalem nartabate,
bangsa Arab, bangsa Hasyim, bangsa Kures, bangsa Muntholib, kang
rama Sayid Abdullah, kang ibu ***** (故人の名), kang pinuturaken ing
Mekah, ing wulan Rabi'ulawal, ing tanggal kaping rolas, ing malem
Isenen, ing tahun a-Dal, wektu saur, siji kaol antarane mahrib
kalawan isya'.
Ing tanggal kaling wolu, utawi yuswane kanjeng nabi Muhammad
iku saweg kawan dasa tahun, ngalih maring Madinah, yuswa tigalikur
tahun, utawi yuswane kanjeng nabi Muhammad iku suwidak tigang
tahun, seda ana Medinah, sinarekaken hastanane Medinah.
Sapa ngucap Muhammad Rosulallah iku anyimpen angestokaken, barang
kang den tekakaken dening Rosulallah Salallahu Allaihi Wassalam,
Salallahu Allaihi Wassalam, Muhammad, wa a'la allihi, wa a'la
allihi, wa sobhihi aj'main.
|
|